Reportase
Reportase
Reportase inggih menika karangan arupi asiling laporan saking liputan
satunggaling prastawa utawi kedadean ingkang saweg berlangsung utawi dereng
dangu herlangsung. Tuladha : reportase pawarta bencana alam, olahraga, lsp
Tuladha :
Timnas
Indonesia mesthekaken mlebet ing final amargi saged ngalahaken musuhipun Timnas
Vietnam kanthi skor 2-2 wonten stadion My Dinh, Hanoi, Vietnam ing tanggal 7
Desember 2016. Kanthi agregat gol 4-3. Rampung babak sepisan Timnas Indonesia klawan Timnas
Vietnam sami-sami dereng pikantuk skor utawi 0-0.
wonten ing babak kapindho Timnas Indonesia saged mbobol gawang musuhipun wonten menit kaping 56. Gol sepisan dening Stefano Lilipaly ingkang manfaataken blunder saking kiper Vietnam, Tram Nguyen Manh. Timnas Indonesia pikantuk skor 1.
Wonten
menit kaping 83, Vietnam saged nyusul kanthi tendangan jarak jauh saking Vu Van.
Kiper saking Timnas Vietnam pikantuk ganjaran kartu abang amargi luput.
Menit-menit
akhir Vietnam saged ngungguli Timnas Indonesia. Skor dados 1-2. Pertandingan
lajeng dipunbacutaken kanthi tambahan wektu 2x15 menit kangge nemtokaken sinten
ingkang maju wonten final. Amargi kanthi skor 1-2 menika agregat gol imbang
3-3.
Timnas
Indonesia akhiripun saged nguyak ketinggalan sesampunipun Wasit paring hadiah
tendangan pinalti kangge Indonesia amargi Timnas Vietnam nglakoni kaluputan. Manahati Lestusen ingkang
dados algojo, skor akhiripun imbang 2-2 dumugi rampung lan Indonesia saged
mesthekaken lolos ing final.
Komentar
Posting Komentar