Geguritan
Urip ora pait
Sejatine galihe wit kates kuwi ana
ngendi?
Opo kowe ngerti?
Yen digoleki, pancen angel ketemune
Nanging, sejatine mesthi ana galihe
Kaya pitakonan urip iki,
Sejatine kasampurnaning urip iku kepiye?
Pancen angel tumuju marang kasampurnaning urip iku
Nanging opo kuwi ora bisa?
Mesti ana carane kanggo nggayuh
Yen dirasa-rasakake,
Rasane pancen pait
Senajan pait
nanging gedhe kasiyate
Nanging opo yo arep urip ngarasakake pait
saklawase?
Kala-kala ya ana legine, ana senenge
Gumantung pamilihe dhewe-dhewe
Komentar
Posting Komentar