Kegiwang Obahing Imba

Asrep atis, udan riwis riwis nambahi suasana saya sepi, bengi iki ora kaya bengi –bengi sakdurunge. Rasa adem sing di rasaake Anton njalari dheweke mlebu ana ing pawon  gawe kopi kanggo ngancani Anton anggone nggarap tugas. Ananging bengi kuwi Anton bingung amerga dheweke durung banget anggone paham babagan tugas sing diparingi ibu dosen amarga kalawingi nalika kuliah mata kuliah kuwi dheweke ora menyang amarga lagi lara. Ora  let suwe Anton sms marang kancane sing jenenge Andik.
“Assalamualaikum, dik wingi tugase opo yo?” takone Anton marang Andik
“Walaikumsalam, wingi tugase gawe makalah ton!”
“Gawe makalahe individu opo kelompok dik?”
“Wingi kelompokan ton, kelompoke wis dibagi.”
“Aku oleh kelompoke sopo yo dik?”
“Kowe oleh kelompoke mukidi ton, coba takon mukidi wae.”
“Okee.. matur nuwun ya dik.”
“Iya ton padha-padha.”
Sakwise sms Andik mau banjur Anton sms marang  Mukidi, ora lali kopi sing wis digawe karo si Anton nganti gluthekan ana ing pawon mau tak sruput sinambi ngrungokake suara udan kang pating tlethik niba ana ing gendheng. Aku bingung ngapa kok smsku marang Mukidi ora terkirim. Lho kena apa iki hpku, mau aku sms Andik iso kok sms Mukidi ora iso? Apa aja-aja pulsaku entek ya? Grenengan Anton ana ing atine. Bareng tak cek pulsane jebulna pulsane entek. Anton san saya bingung piye meneh anggone nggarap tugase. Anton mutusake sesok wae pas kuliah anggone takon tugas marang Mukidi. Bengi kuwi Anton ora sida nggarap tugase amarga durung paham banget. Wektu saya wengi  wis tabuh jam 11 ora krasa mripat iki rasane wis abot banget. Banjur aku turu gandheng wis ngantuk.
Adzan wis kumandang pratanda yen wayahe wis esuk, jago pada kluruk nambahi riwuhe wektu esuk. Ora lali marang kewajiban  yaiku sholat shubuh, Anton banjur cepet-cepet   njupuk banyu kanggo wudhu lan nindakake sholat. Ora krasa yen wektu kuwi cepet banget, jebulna wes jam setengah enem, manuk-manuk sik ana ning wit-witan pating cruit pratanda yen esuk kuwi wes padang. Banjur Anton siap-siap anggone kuliah. Anduk sik cemanthel ana ing canthelan disaut Anton lan tumuju ana ning kamar mandi. Sakwise adus Anton mesti ora lali anggone sarapan. Mergane biasane Anton sakdurunge mangkat kuliah mesti sarapan.
 Anton kuwi bocahe adoh saka wong tuwane ananging,  Anton saiki tinggal ana ning omahe mbake. Lumayan isa ngentheng-entengke bebane wong tua amerga ora ngekost. Senajan adoh saka wong tuwa  Anton tetep ngurmati  mbak ayune. Ora lali Anton sakdurunge mangkat anggone kuliah pamitan karo mbake.
“Mbak kula menyang kuliah rumiyin.”
“Yo sing ngati-ati le mangkat, ora sah kesusu!”
“Nggih mbak.”
“Lha kowe mengko mulih ora?”
‘Mboten ngertos mbak, umpami mangkih enten kegiatan ten kampus palinhg mboten mantuk.”
“Wo.. yo mengko kabari nek arep bali.”
“Nggih mbak, mangkih kula sms.”
“Nek umpama bali wengi kuncine lawang ana ning papan jimpitan”
“Nggih mbak, kula menyang rumiyin.”
Sakwise tekan kampus aku banjur salaman karo kanca-kancaku, lan nggoleki Mukidi arep takon tugas.e wingi. Ora let suwe Mukidi teka seka kidul parkiran banjur tak awe.
“Tugase wingi apa di?”
“Tugase wingi gawe makalah BAB unggah-ungguh ton.”
“Kelompoku sapa wae?”
“Aku, kowe, Raisa, Melati karo si Kiki”
“Lha arep nggarap kapan?”
“Ngene wae tugase dibagi, kowe karo si Raisa nggarap bab pendahuluan”
“Oke.. siap di.”
Wektu kuwi wis masuk anggone kuliah, Anton ketemu marang si Raisa lan ngomong-ngomong  masalah tugas makalah mau, sambi nunggu dosene. Sakwise rampung kuliah tak teruske anggone ngrembug masalah tugas mau. Ora krasa yen omong-omongan karo raisa mau gayeng banget. Ora mung masalah tugas sing diomongke nanging ngomongke bab opo wae, cerita ngalor-ngidul. Ceritane ora mung tekan kene nanging diteruske smsan saben dinane. Anton bisa cedhak karo Raisa amerga wong loro mau seneng gojegan bareng. Raisa kadang-kadang ngobahke alise merga gegojegan marang Anton.
Dina Selasa Anton janjian karo Raisa arep nggarap tugas ning kampus jam 3 sak bubare kuliah. Wong loro kemau banjur akrab banget anggone kekancan. Anggone kekancan saya rumaket. Suwe saya suwe banjur ana rasa antarane si Raisa karo si Anton. Pancen witing tresna kuwi jalaran saka kulina. Ora ngerti apa saktenane sing dirasake Anton kok iso dheweke seneng marang Raisa.
Dina ganti dina, minggu ganti minggu, sasi ganti sasi wong loro kemau mesthi menyang nang endi wae tansah bebarengan. Saktenan.e Raisa tresna marang Anton ananging dheweke ora wani ngomong amarga Raisa kuwi cah wadon. Isin anggone ngungkapake rasa marang Anton. Anton ya saktenane seneng karo Raisa ananging Anton uga ora wani ngungkapake rasane marang ning Raisa.
Suwe-suwe rasa mau wes beda, wong loro mau wis ora kaya biasane. Sik biasane jajan menyang kantin bareng saiki wis arang bebarengan. Ora ngerti apa sing njalari rasa kuwi mau iso owah,  Raisa lan Anton sing biasane gojegan bareng saiki ora tau gojegan. Saiki Raisa karo Anton uwis ora tau smsan meneh. Embuh merga apa wong loro mau tanpa ana bledek tanpa ana udan bisa malih tumindake. Kabeh wis beda, saya suwe wong loro mau saya adoh. Sapa aruh ora tau, nanging ning atine Anton ana pitakonan gedhe ning atine. Saktenane ana apa to karo Raisa kok saiki wes ora tau sapa aruh karo aku? Takone Anton ning njero atine.
Saben ketemu Raisa, Anton saktenane arep takon babagan kuwi mau, ananging Raisa mung meneng wae. Kaya-kaya ora ana apa-apa ning antarane Anton karo Raisa. Anton san saya bingung ngapa kok Raisa isa kaya ngono kuwi. Nalika Anton ketemu karo Raisa ning dalan arep menyang kantin.
“Sa, kowe arep nyandi?” takone Anton marang Raisa.
“Kantin” wangsulane Raisa kanthi cekak aos.
“Kowe saktenane ana masalah opo to? Kok ora kaya biyen?”
“Maksude?” takone Raisa karo pasang pasuryan kang ora ngenake disawang.
“Kowe kena apa? Kok saiki arang-arang gojegan bareng meneh.”
“Ora kena apa-apa kok.”
Raisa sing biyene bocahe gampang diajak guyon saiki malih dadi bocah sing angel dijak gojegan. Biyen gampang dijak kerja bareng saiki wis arang-arang kumpul bareng. Saiki yo wis arang-arang mangkat kuliah. Sakjane niate Anton apik arep ngewangi  ngrampungake masalahe Raisa. Ananging Raisa nutupi masalahe dhewe. Dheweke ora gelem cerita saknyatane opo sing dirasake marang Anton. Anton saknyatane iseh seneng marang Raisa lan ora gelem yen Raisa kena apa-apa. Nanging beda karo Raisa. Anton tekan saiki iseh sarwa sarwi bingung apa sing dirasake Raisa ora bisa dingerteni.  


Komentar

Postingan Populer