Jinising Paragraf
1. WACANA ARGUMENTASI
Wacana argumentasi yaiku wacana kang mbudidaya kanggo ngowahi panemune wong liya, supaya percaya lan wusanane tumindak jumbuh karo kang dikarepake panulis/ kang ngomong.
Tuladhanipun :
Basa Jawa menika gadhah relevansi kaliyan pendidikan budi pakarti. Kangge tuladhanipun, lare ingkang nyinau basa Jawi mBoten kraos ugi pikantuk pelajaran budi pakarti. Paling mBoten, lare menika saged mangertosi babagan unggah-ungguh ingkang dados salah satunggaling unsur penting wonten pendidikan budi pakarti. Lare-lare kala wau badhe luwih ngajeni tumrap tiyang sanes, kaliyan tiyang ingkang dipunjak micanten, ugi luwih ngajeni tiyang ingkang luwih sepuh saking piyambakipun.
Wonten ing kabudayan Jawi menika, kususipun ing basa Jawi, wonten kathah sanget bebasan ingkang gadhah unsur pendidikan budi pakarti, etika, moral, ingkang sejatosipun sampun diakui kaliyan bangsa Indonesia. Babagan menika amargi bebasan-bebasan ing basa Jawa menika ngandhut kapribaden manungsa ing Indonesia. Tegesipun, sedaya ingkang sae, ingkang endah ing pangraosan dipunungkapaken mawi tetembungan basa Jawi. Isi lan unenipun tetembungan menika saged dipunpahami kaliyan bangsa Indonesia
Tuladha menika kula pendhet saking :
http://kangsura.blogspot.co.id/2009/01/wacana-narasi-diskripsi-eksposisi.html
2.
WACANA PERSUASI ( PANGAJAK).
Wacana persuasi
iku sambugane saka kembangane saka paragrap argumentasi. persuasi sepisanan
ngandharake gagasan nganggo alesan, bukti, utawa tuladha kanggo nyakinanke
pamaos. banjur dibarengi nganggo ajakan, bujukan ,rayuan, imbauan utawa saran
marang pamaos. bedane paragrap argumentasi lan paragrap persuasi. paragrap
argumentasi kang dadi bakune yaiku salah benere gagasan / pendapat. nek
paragrap persuasi ngarep - arep supaya pamaos melu karo kekarepane panulis.
Tuladhanipun :
“praktik pidato iku gedhe banget
mupangate. saben praktik pidato iku mesthi duweni pengalaman kang paling
nyensemake ati. saya kulina anggone praktik pidato, mbuh iku gladhen utawa
praktik pidato temenan bakal saya akeh pengalaman batin kang diduweni. saka pengalaman
batin mau pamicara nemokake cara - cara pidato sing efektif lan nyenengake.
saya akeh daya pikat kang ditemokake lan saya kerep dipraktike, bakal saya akeh
pengalaman pamaos.
wis ora mokal maneh yen praktik pidato iku kaya obat kuwat kanggo mangun rasa percaya dhiri. yen rasa percaya dhiri mau wis gedhe, pamicara bisa ngayahi tugas kanthi tenang tanpa ana godha ( kaya rasa isin ), wedi lan grogi. percaya dhiri mau kang dadi modal pisanan kanggo ngayuh keberhasilan pidato. mula supaya mahir lan trampil pidato, panjengan kudu nglakoni praktik pidato.”
wis ora mokal maneh yen praktik pidato iku kaya obat kuwat kanggo mangun rasa percaya dhiri. yen rasa percaya dhiri mau wis gedhe, pamicara bisa ngayahi tugas kanthi tenang tanpa ana godha ( kaya rasa isin ), wedi lan grogi. percaya dhiri mau kang dadi modal pisanan kanggo ngayuh keberhasilan pidato. mula supaya mahir lan trampil pidato, panjengan kudu nglakoni praktik pidato.”
Tuladha menika kula pendhet saking :
3. WACANA EKSPRESIF
Wacana ekspresif yaiku wacana kangge sarana mengekspresikan
pamanggih, pangraos. Tuladhanipipun geguritan, tembang lsp.
Tuladhanipun :
“ Bebasan
Koyo Ngenteni Udan Ning Mongso Ketigo
Najan Mung
Sedelo Ora Dadi Ngopo
Penting Iso
Ngademke Ati
Semono Ugo
Rasane Atiku
Mung Tansah
Nunggu Tekamu
Ra Kroso
Setaun Kowe Ninggal Aku
Kangen...
Kangen'e Atiku
…..”
Tuladha menika kula pendhet saking :
4.
WACANA INFORMATIF
Wacana informatif yaiku paragrap kang paring pirsa dhumateng
tiyang. Biasanipun paragraph informatif ngandharake ide utawi gagasan,pawartos,
woro-woro, layang lsp.
Tuladhanipun :
Prambanan, 09 November 2012
Kangge Bapak lan Ibu
Wonten ing ndalem Batursari
Assalamu’alaikum
Wr. Wb
Pripun
kahananipun Bapak lan Ibu? Mugi – mugi Gusti Allah tansah maringi kanugrahan
lan kesehatan dhumateng Bapak lan Ibu. Alhamdulillah teng mriki kula sehat.
Bapak
lan Ibu ingkang kula bekteni, wontene serat menika, kula badhe matur
Insya Allah badhe wangsul dateng Baturasari benjang sasi Desemberi. Nyuwun
pangestunipun mugi – mugi sedoyo diparingi lancar sahinggo mboten wonten
hambatan.
Cekap
semanten rumiyin serat saking ingkang kula.
Wassalamu’alaikum
wr. wb..
Yudi
Pratama
Tuladha menika kula pendhet saking :
5.
WACANA ESTETIS
Wacana estetis yaiku wacana kang diserat kangge damel
utawi madosi bab kaendhahanipun. Tuladhanipun geguritan, tembang lsp.
Tuladhanipun :
Pahlawanku
(R. Tantiningsih)
Pahlawanku
Wutahing ludirmu
Nyiram ibu pertiwi
Nadyan sang ibu
Kudu muwun sedhih
Karajang-rajang manahe
Karujit-rujit rasa pangrasane
Pahlawanku
Mugya Gusti paring nugraha
Semana gedhene bektimu
Jiwa raga, bandha donya
Tanpa sisa
Amung siji pangajabmu
(R. Tantiningsih)
Pahlawanku
Wutahing ludirmu
Nyiram ibu pertiwi
Nadyan sang ibu
Kudu muwun sedhih
Karajang-rajang manahe
Karujit-rujit rasa pangrasane
Pahlawanku
Mugya Gusti paring nugraha
Semana gedhene bektimu
Jiwa raga, bandha donya
Tanpa sisa
Amung siji pangajabmu
Tuladha menika kula pendhet saking :
Komentar
Posting Komentar