Profil
![]() |
Muhammad Farikud Daroini (dok.pribadi) |
Muhammad Farikud
Daroini ingkang asring dipuntimbali Farik menika lair nalika tanggal 5 Desember
1996 wonten Ngunut LK 1, Ngunut, Tulungagung. Farik menika putra saking Bapak
Sujak kaliyan Ibu Binti Listiana ingkang ngadahi hobi olahraga lan silat. Farik
menika ketampi wonten Jurusan Bahasa Jawa, Fakultas Bahasa dan Seni Universitas
Negeri Yogyakarta.
Farik nate
ngangsu kawruh wonten ing TK Rodatul Akfa lajeng MI Baitturahman, MTS N Kunir,
lajeng wonten MAN 2 Tulungagung. Saking
alit Farik sampun katingal bakatipun wonten ing olahraga kaliyan silat amargi
Farik asring tumut lomba-lomba voli wonten tingkay kecamatan lan dados juara,
lajeng wonten ing MAN 2 Tulungagung Farik nate
tumut pekan olahraga daerah, ananging dereng kasil. Farik remen silat
amargi saking keluarganipun ugi remen kaliyan silat.
Farikud mboten
purun gumantung kaliyan tiyang sepuhipun mula farik menika lajeng tumut latihan
silat mboten setunggal perguruan kaliyan bapanipun. Farik anggenipun latihan
silat wonten SMA Kauman. Wonten mriku Farik nggadahi panjangka bilih tahun 2014
dheweke kedah dados warga. Dados warga menika mboten gampil kedah kuat fisik
lan mentalipun nalika badhe tes Farik menika cidera lan mboten pareng nderek
tes saking pelatihipun ananging Farik menika yakin yen dheweke sanggup
nglampahi tes kasebut. Alhamdulillah wonten tanggal 30 Oktober 2014 Farikud
akhire dipun dadosaken warga baru silat menika.
Pesenipun saking Farik inggih menika “sepira gedene
sengsara, yen tinampa amung dadi coba” Farikud yakin bilih wonten gesang menika
kathah pacoban mula kedah dipunlampahi kanthi ikhlas.
Komentar
Posting Komentar