Geguritan

Ingsun

Ingsun mung saderma
Tanpa daya apa apa
Lamun bisa angupaya
Kareben nora nemahi cilaka

                Nanging . .
    Nalika Sang Hyang Suksma paring pratandha
    Ingsun nora bisa apa-apa
    Kejaba pasrah marang kang kuwasa

Yen kabeh wis dadi pepesthi
Ingsun kudu lila legawa
Sabar lan narima

Eling..
Ingsun kudu eling lan waspada
Supaya adoh saka bebaya
Lan rahayu ing bawana



Komentar

Postingan Populer