Festival Kesenian Yogyakarta Kabupaten Bantul
foto dening : Ryska Rosdiana Sutrisna |
Festival Kesenian Yogyakarta wonten ing Kabupaten Bantul kaleksanaaken tanggal 1-7 September 2016.
Festival menika dibun wiwiti kanthi pawai budaya ingkang badhe kawiwitan saking Komplek II Pemkab Bantul, Jl. Lingkar Timur Manding - Lapangan Trirenggo.
Wonten ing adicara pawai menika saben kecamatan nyuguhaken pasugatan kesenian ingkang beda-beda. FKY Kabupaten Bantul menika dipunwiwiti saking tabuh 13.00 dumugi 17.00. Sakderengipun pawai dipunlajengaken, saben-saben kecamatan sami display kesenian wonten ing Dinas Pariwisata Kabupaten Bantul.
Saking Dusun Gemahan Kecamatan Bantul nyuguhaken pasugatan Sendratari saking sanggar Parikesit. Sendratari menika mundhut tema "Dewi Sri". Sendratari menika nyariosken wujud syukur dumateng Dewi Sri awit sampun paring kesuburan anggenipun tetanen lan hasil panen ingkang kathah.
Komentar
Posting Komentar