Asal Usul Dhusun Banyumeneng
Sumber gambar : https://pedukuhanbanyumeneng.files.wordpress.com/2012/03/kaligede.jpg
Salah satunggaling
padhukuhan wonten Giriharjo kecamatan Panggang inggih menika dhusun Banyumeneng.
Nama dhusun Banyumeneng dipun pendhet saking nama lepen wonten in tlatah
kasebat. Miturut cariyos rikala jaman semanten wonten satunggaling musafir
ingkang mlampah wonten ing daerah menika, nalika musafir kala wau sayah lajeng ngaso
wonten ing sak ngandhapipun wit. Musafir kala wau ningali peksi ingkang kathah
mabur saking gunung sebrangipun. Musafir ingkang kepengen mangertos kedadean
kasebat lajeng ningali papan menika.
Nalika ningali papan menika, musafir kala wau kaget amargi wonten sebrang gunung kala wau wonten lepen. Musafir lajeng kondur dhateng dhusun lan ngabari tiyang wonten papan kasebat bilih wonten sumber toya ingkang ageng. Tiyang ing papan kasebat lajeng ndamel saluran toya.
Dhusun banyumeneng dipunjenengi mekaten amargi rikala toya ngalir wonten ing papan menika mboten wonten suwanten kemricik toyanipun lajeng dhusun menika dipunsebat Dhusun Banyumeneng.

Komentar
Posting Komentar